Sebab-Sebab Kenapa Wong Melarat Angel Sugih
Sebab-Sebab
Elcoida.com - Kabeh Uwong kuwi mesti rata-rata pingin sugih, ora ono sing jenenge wong kuwi pingin melarat. Nanging kenopo ora saben Wong iso sugih?
Ning ono takdir ancene bener rejeki kui wes ono sing ngatur, nanging naliko awake dewe isih ambekan, isih urip awake dewe diutus kanggo iktiar/kanggo usaha. Sakwise usaha nembe pasrah, pasrah maring kersane Gusti. Nek durung iktiyar nanging wes pasrah yo salah.
Sugeh kui penting, saiki aku lagi ngomong soal Duit!. Piye carane awake dewe ben ora kekurangan duit, senajan wong jowo kui raket banget karo nerimo ing pandum, mangan ramangan kumpul, sugeh tanpo bondo. Nanging sejatine sesepuhe dewe ugo wes menehi paweling ben mulyo ben sugeh. Masalahe awake dewe akeh sing rung mudeng babakan paweling kui, banjur nyalahke kemelaratan kui marang liyane, marang pemerintah lan marang wong sing wis sugih.
Pancen tak akoni yen ngomong sugih lan mlarat ono sing jenenge "kemiskinan struktural" yoiku kemelatan sing disebabno kesempatan sing ora adil antarane turunane wong sugeh lan turunane wong melarat, seng sugih soyo sugih, seng melarat soyo melarat. Ning jane iki iso dilawan yen awake dewe kuat ngelakoni opo sing dadi piweling mbah-mbahe dewe dek biyen.
Lewat tulisan iki aku arep dobrak tembok kui ben awake dewe iso urip setara, carane yoiku.
Gedekne Ember
La kok gedekne ember kui pie maksute?
Rejeki kui koyok banyu. Dene awake dewe kui embere, senajan banyune akeh mili nanging nek adahe ora ombo yo tetep wae banyune kutah.
Mulo babakan pisanan sing kudu dikuati yoiku gedekno ember, carane piye? sesepuhe dewe wes ngenehi paweling, carane ojo ngelakoni tumindak seng ono ngisor iki.
1. Durung Pecus Keselak Besus
Durung pecus keselak besus kui artine wong sing urung duweni keprigelan nanging wes duweni kepinginan macem-macem. carane ben sugih yo salah sijine bangun keprigelan, nanging keprigelan kui butuh wektu, diwiwiti soko endek disek.
2. Kebat Kliwat, Gancang Pincang
Kebat kliwat gancang pincang tegese tumindak kesusu mesti ora bener, Cepet bukane salah, tapi kita kudu setiti pas ngerjakaken sesuatu supaya kerjaan iku bisa bener lan hasile maksimal. Gosok baline tumindak alon-alon hasile bakal bener.
3. Gampang Gumunan, Getunan, Kagetan, Lan Aleman
Neng budaya Jawa dikenal Sesepuhe dewe "Aja Gumunan, Aja Getunan, Aja Kagetan, Aja Aleman". Artinya jangan mudah terheran-heran; Jangan mudah menyesal; Jangan mudah terkejut; Jangan kolokan atau manja. Pesan sing hendak disampekno supoyo dewene senantiasa ora berlebihan nyikapi sesuatu!
4. Kegedhen Empyak Kurang Cagak
Kegedhen empyak kurang cagak tegese yaiku wong kang kegedhen panjangka/penggayuh kurang sarana. Artine yoiku wong sing duwe kepinginan duwur nanging ora due sarono pendukung keinginan.
5. Ojo Milik Barang Kang Melok Ojo Mangro Mundak Kendo
Melok kui artine indah, melok-melok sawangane apek yen awake nyawang koyok ngono utowo pingin duweni sing koyo ngono kui. nanging sakjane urung ngerti sejatine. Awak dewe due dalan dewe rasah nolah-noleh nyawang wong liyo mengko mundak kendo
6. Mburu Uceng Kelangan Deleg
Tegese ngeboti barang kang kepetung cilik lan ora mbejaji, sidane kelangan darbeke sing gedhe ajine lan migunani. Paribasan iku nggambarake wong kang kepilut dening barang utawa kahanan kang sejatine remeh-remeh, banjur anggone ngupadi tenanan lan ninggal kaprayitnan. Ora ketang sing diimpi-impi mau kaleksanan, nanging tomboke uga gedhe. Kepeksa kelangan (ngorbanake) barang darbeke sing banget migunani.
Yen dijlentrehake, unen-unen iki gambarane mangkene. Ana uwong mancing ing kali. Sejatine anggone mancing wis entuk akeh, ana lele, sepat, mujair, lan wader. Ananging uwong mau durung marem. Dheweke durung trima, awit meruhi uceng rada gedhe slira-sliri sajak ngawe-awe. Cilakane, bareng arep dipancing uceng mau malah ngadoh. Diburu menyang papan liya, uceng nglali ngadoh. Saking ngebete, ora sranta kali disrabangi. Ora ngertiya ing dhasare kali ana carang pring ori. Bareng kepidak, wong iku pringisan karo sikile diangkat. Gandheng setengah kaget, anggone ngangkat sikil rada kesusu. Mula oleh-olehane wong iku iya mung kepleset kecegur kali, kamangka iline lumayan santer. Iwak serenteng kontal, keri mbandhang ora bisa ditututi. Karo mentas, yen isih ngenggoni Jawane, dheweke mesthi kelingan,. paribasan iki: mburu uceng dadi kelangan deleg.
7. Wedi Ayang-Ayange Buto
Artine Wedinan Karo kelemahane awake dewe ora wani resiko. Ojo wedi karo ayang-ayang buto, sebab kuwi kur ayang-ayang ora buto tenanan.
8. Jagakake Endhoke Si Blorok
Yaiku ngarep-arep barang sing durung mesthi. Mulo nek pingin cepet sugeh ojo jagakne penghasilan sing urung mesti.
Source of Writing: www.elcoida.com
Komentar
Posting Komentar