Sebab-Sebab Kenapa Wong Melarat Angel Sugih
Sebab-Sebab Elcoida.com - Kabeh Uwong kuwi mesti rata-rata pingin sugih, ora ono sing jenenge wong kuwi pingin melarat. Nanging kenopo ora saben Wong iso sugih? Ning ono takdir ancene bener rejeki kui wes ono sing ngatur, nanging naliko awake dewe isih ambekan, isih urip awake dewe diutus kanggo iktiar/kanggo usaha. Sakwise usaha nembe pasrah, pasrah maring kersane Gusti. Nek durung iktiyar nanging wes pasrah yo salah. Sugeh kui penting, saiki aku lagi ngomong soal Duit!. Piye carane awake dewe ben ora kekurangan duit, senajan wong jowo kui raket banget karo nerimo ing pandum, mangan ramangan kumpul, sugeh tanpo bondo. Nanging sejatine sesepuhe dewe ugo wes menehi paweling ben mulyo ben sugeh. Masalahe awake dewe akeh sing rung mudeng babakan paweling kui, banjur nyalahke kemelaratan kui marang liyane, marang pemerintah lan marang wong sing wis sugih. Pancen tak akoni yen ngomong sugih lan mlarat ono sing jenenge "kemiskinan struktural" yoiku kemelatan sing dise...